Soft Ware Virtual Gamelan "eGamelanku"

Soft Ware Virtual Gamelan "eGamelanku"
Multimedia Pembelajaran Gamelan Jawa yang merekam suara gemelan Lokananta, Kraton Solo dan TBJT

Setujukah anda dengan Gerakan "KUCIGAWA" aku cinta gamelan jawa melalui sofeware eGAMELANKU hasil tim risert kami yang didanai oleh DP2M DIKTI 2009 s.d. 2010? Sofeware pernah ditampilkan di Taiwan Juni 2010 dan di Singapura Juli 2010?

Selasa, 12 Februari 2008

Tahun baru saka

Sedih yen aku moco tulisan sing mbahas, menowo filsafat jowo kuwi filsafate wong kalah. Opo yo bener ngono kuwi?
Sak sejatine wong jowo kuwi dudu wong kalah, nangin wong jowo luwes marang perubahan lan pengaruh soko njobo. Iso wae diarane yen ajarane dadine gado-gado, nanging yo kuwi, sing penting sing diajarke kuwi ajaran apik kanggo kamanungsan lan marang opo wae utowo diarani "Universal".
Wis misale crito wayang, asale wayang kuwi soko ngendi coba? yo mesti wae soko India. Nanging, yo kuwi pintere wong djowo, cerito wayang ditambahi kro tokoh-tokoh jowo sing ora ono nang India, koyo to Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Ono Togog, Bilung, Wisanggeni, Ontoseno la kuwi kabeh lak yo tokoh-tokoh ampuh to.
Conto maneh, mbiyen tahun jowo (Saka) kuwi manut petungan Matahari (Tahun masehi), nanging karo Sultan Agung diowahi manut petungan Bulan (Koyo tahun Islam). Aku yo sempat kaget, pas ndeloki tanggalan Jepang, ternyata di Indonesia ono perayaan tahun baru saka sing ngepasi wulan Maret. Lo..... la siji suro kuwi opone tahun saka?

Selasa, 05 Februari 2008

Takdirku Dadi Wong Jowo

Yen tak pikir, dadi wong jowo kuwi yo takdirku. Aku ora keno protes marang Gusti Allah, dadi yo ditompo takdir kuwi, lan yo kudu dadi wong jowo sing njawani. Filosofi jowo kuwi adi luhung, tur yo ora ketinggalan jaman. Wis to percoyo, wong jowo kuwi hebat lan mlebu golongan bangsa besar. Ciri-cirine bangsa besar kuwi nduweni sakmubarang koyo to : bahasa, huruf, musik/gending, pakaian, unggah-ungguh, bentuk omah, kabudayan, kesusastran dll.
Saiki dicocoke karo kenyataan nang jowo coba:
Basa jowo kuwi luwih lengkap dibanding bahasa Indonesia. Basa Jowo ora basa sing miskin, anangin basa sing kaya kosa kata lan makna.
Huruf jowo kuwi yo honocoroko dotosowolo podojoyonyo mogobothongo.
Gending jowo yo nduwe dewe. Ono Pelok lan Slendro. Yen sing asli kuwi sing Slendro, diketemukan jamannya Raja Sailendra. Wah yen aku krungu gending slendro, kelingan musik klasik, iso hanyut tur yo mbentuk sikap lan perilaku. Opo meneh yen ngerti artine jeneng-jeneng gending, wah jan sugih makna, misale : Asmorondrono (Lagi jatuh cinta), Mas Kumambang (Seneng tur mulyo), Megatruh (patah hati atau Sedih ditinggal mati) , Durmo (perang tanding utowo pas nesu), Pucung (gawe lucu-lucu) lan sakpnunggalane, tunggu wae mengko tak bahas wis. pokok bukak terus blog ku, ojo lali.
Pakaian jowo yo endah banget, omah jowo bentuke kas kabudayan koyo tari-tarian, wah eram banget lah. Filsafat Jowo, okeh. Mikul Duwur Mendem jero, sing biso rumongso ojo rumongso biso, golekono kuntul mabur, golekono galihe kangkung, golekono rosing bumbung wongwang lansakpanunggalane, wis mengko tak bahas yo.