Sedih yen aku moco tulisan sing mbahas, menowo filsafat jowo kuwi filsafate wong kalah. Opo yo bener ngono kuwi?
Sak sejatine wong jowo kuwi dudu wong kalah, nangin wong jowo luwes marang perubahan lan pengaruh soko njobo. Iso wae diarane yen ajarane dadine gado-gado, nanging yo kuwi, sing penting sing diajarke kuwi ajaran apik kanggo kamanungsan lan marang opo wae utowo diarani "Universal".
Wis misale crito wayang, asale wayang kuwi soko ngendi coba? yo mesti wae soko India. Nanging, yo kuwi pintere wong djowo, cerito wayang ditambahi kro tokoh-tokoh jowo sing ora ono nang India, koyo to Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Ono Togog, Bilung, Wisanggeni, Ontoseno la kuwi kabeh lak yo tokoh-tokoh ampuh to.
Conto maneh, mbiyen tahun jowo (Saka) kuwi manut petungan Matahari (Tahun masehi), nanging karo Sultan Agung diowahi manut petungan Bulan (Koyo tahun Islam). Aku yo sempat kaget, pas ndeloki tanggalan Jepang, ternyata di Indonesia ono perayaan tahun baru saka sing ngepasi wulan Maret. Lo..... la siji suro kuwi opone tahun saka?
Selasa, 12 Februari 2008
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar